Selasa, 19 Januari 2016

teks muqosimul auqot (B,Jawa)



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله رب العالمين وبه نستعين وعلى امور الدنيا والدين
 والصلاة والسلام على اشزف الأنبياء والمرسلين سيدنا ومولنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين
اما بعد.
قال الله تعالى فى كتابه الكريم سبحن الذي أسرى بعبده ليلا من المسجد الحرام الى الى المسجد الاقصاالذى بركنا حوله لنريه من ءايتنا. إنه هو السميع البصير ...... الاية

            Hadrotil mukarromin poro ‘alim poro ulama’
            Poro sesepuh soho bini sepuh
Khususipun dumatheng Romo KH Faqih Sibaweh minongko Pengasuh Pondok Pesantren Salafiyyah Al Muslihuun, Ustadz M. Tho’if minongko ro’is Pondok Pesantren Salafiyyah Al Muslihuun,Soho Ustadz M Shofi Al Mubarok minongko kepala madrasah Pondok Pesantren Salafiyyah Al Muslihuun.
Dumatheng poro Bapak Soho Ibu Wali Santri ingkang dahat kinurmatan
Mboten kesupen dumatheng Santri Putra Al Muslihuun ingkang tansah cinaketing manah


Sepindah sumonggo kito sami manjataken puji syukur dumeteng ngersanipun Allah S.W.T ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat soho inyahipun, sahinggo kito saget makempal wonten meniko majelis kanthi sehat wal’awiat mboten wonten alangan setunggal punopo.
            Kaping kalehipun sholawat soho salam  mugiho tansah pikunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad S.A.W ingkang sampun ambeto kito saking zaman jahiliyah pinuju zaman ingkang terang binerang inggih puniko agami islam, soho ingkang kito antu-antu syafa’at ipun ing dalem dinten kiamat, lan mugiho kito sedanten kalebet golongan ingkang angsal syafa’atipun min hadza ila yaumil qiyamah. Amin-amin ya rabbal ‘alamin.
            Kaping tigo nipun dadarno kawuningan bilih kawulo jumeneng wonten ngajeng panjengan sami, minangkani pranoto adicoro Tahlil soho Isro’ Mi’roj, pramilo saking meniko, perlu sanget kawulo maosaken reraci ing adicoro ingkang badhe kalampah ing wekdal dalu puniko.
           

            Adicoro ingkang ongko :
1.      Pembikaan ( MC )
2.      Waosan Ayat – Ayat Suci Al-qur’an ( Mukhlisul Amali )
3.      Wahosan kalimah Thoyyibah ( Ustadz M. Shofi Al Mubarok  )
4.      Atur pambagyo
a.       Saking ketua panitia ( Ahmad Masduqi )
b.      Saking ro’is Pondok sekalian pengumuman ( Ustadz M Tho’if )
5.      Fatwa-Fatwa pengasuh PP Al Muslihuun ( KH M . Faqih Sibaweh )
6.      Skors
7.      Pamungkas ( Do’a ) ( Ustadz M. Tho’if )
Mekaten waosan pranoto adicoro ing dalu Puniko.
Monggo kito milai adicoro puniko kanthi waosan Q.S Al-fatihah, ingkang mugi-mugi adicoro ing wekdal sonten puniko Sageto lancar mboten wonten alangan setunggal punopo.
عَلَى هَذِهِ النِّيَّةْ اَلصَّالِحَهْ الْفَاتِحَهْ
            Kalajeng aken adicoro ingkang ongko 2 inggih puniko waosan Ayat Suci Al-Qur’an, ingkang badhe dipun waosaken dening sederek  Mukhlishul Amali  wekdal soho sasono kawulo sumangga aken.. Mugi-mugi waosan puniko kolo wau sageto paring manfa’at dumatheng kitho, soho ingkang maos khususipun. Amiin.
Kalajeng aken adicoro ingkang ongko 3 inggih puniko Tahlil, ingkang badhe dipun pimpin dumateng panjenenganipun Ustadz M. Shofi Al Mubarok  Dumateng panjenengan ipun kawulo aturaken matur sembah nuwun.
Kalajeng aken adicoro ingkang ongko 4  inggih puniko Fatwa - Fatwa , ingkang badhe dipun dawuhaken dumateng panjenenganipun Romo Kh Faqih Sibaweh wekdal soho sasono kawulo sumangga aken. Dumateng panjenenganipun kawulo atur aken matur sembah nuwun.
 Kalajengaken adicoro ingkang ongko 5 inggih puniko Skors. Dumatheng ingkang kajibah kawulo sumanggaaken.
Kalajengaken adicoro ingkang ongko 6 inggih puniko Skors dumatheng ingkang kajibah wekdal soho sasonokawulo sumanggaaken
Adicoro ingkang pamungkas inggih puniko Do’a, ingkang badhe kasampeaken dumatheng panjenenganipun Ustaz M. Tho’if. Ananging sakderengipun kawulo pungkasi adicoro-adicoro ing dalu puniko,kawulo minongko Pranoto adicoro, mbok bileh wonten tindak tanduk ingkang kirang prayogi dumatheng manah panjenengan, nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
        Akhiru qouli  
اهدنا الصراطا المستقيم
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته


           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar